Sakwise kedadean kui saiki awakku malah dadi uring-uringan dewe. Mbendino pengen nyacat wae. Sakjane to pas momen kui aku pengen ngomong nek,
"Lha emang'e ngopo nek konco kui ora iso dadi pacar!! Ngopo? Opo pancen takdire wes ngono kui. Nek ho'o ra usah konconan wae to!" Aku gek kelebon setan.
"Yo wes, orapopo kok. Konconan mungkin luwih apik." Malaikat.
"Ngopo? Ngopo kowe kok keweden banget karo masa lalumu? Kowe mandang aku masa lalumu? Padahal aku pengen dadi masa depanmu!! Jingan tenan kok." Setan.
"Oh, yo wes aku ngerti kowe ora pengen sing mbiyen kedadean meneh to!" Malaikat.
"Lha saiki ngopo meneh jal? Konconan mung meneng-menengan tok, tresno-tresno-nan yo ora, arep ngelaliake kedadean kui, kowe ngomonge kui ra penting nggo aku, Lha nek kowe ra penting nggo aku nggo opo tekan saiki aku tresno ro kowe nduk. Nggo opo? Aku ki tresno tenan. Tapi, yo weslah aku ra penting nggo kowe kok." Setan.
*Hening* Malaikat bisu ora iso nyauri.
Dadi intine to nduk, Aku Tresno Karo Kowe Tekan Saiki. Aku Ora Iso Ngelaleake Kowe!
TRESNO JALARAN SOKO KULINO!
sing legowo mas legowooo
ReplyDeletenggih mbak, ojo kasih tau sopo-sopo artinya iki yo mbak.
ReplyDelete